Hrithik Roshan Kenek Masalah Hukum

Hrithik Roshan Kenek Masalah Hukum

Warto Bollywood - Proyek film anyar'e Hrithik Roshan karo Ebes'e Rakhes Roshan bareng Sanjay Gupta kenek masalah hukum. Perkorone film sing tepak'e digarap iku dianggep gawe karangane Sudhansu Pandey gak atek pamit.

"Cerito karo dialog'e iki wes tak garap suwe, rong taun setengah hare.. mosok di gawe sak enak udel'e dewe. Yo gak terimo lek ngene carane, Cak!" Jare Sudhansu Pandey pas diwawancara karo wartawan. Sudanshu Pandey iki yo bintang film. Tau maen ndek film "Singham" karo "Murder 2".

Naskah film iki dike'i judul "Farmayish". Garapan pertama iki rencanane ate digarap gawe perusahaane Raw Stock Production Private Limited. Tapi pas sik proses nego bulan Mei wingi, Pandey ketemu Sanjay Gupta. Pakde Sanjay iki gelem garap naskah film iki. Terus, Balaji Telefilm yo setuju ngeke'i modal gae garap. Sanjay Gupta kepingin film iki diperano karo Hrithik Roshan.

Pas ketemu karo Hrithik Roshan, dek'e di konkon moco naskahe. HRo langsung seneng nang naskah ceritone "Farmayish". Saking senenge langsung dikandakno nang Ebes'e, Rakesh Roshan. Pas ngerti nang naskah iki, langsung Pakde Rakesh njaluk naskah iki saking apik e.

"Pokok'e naskah iki kudu aku sing garap, gawe FilmKRAFT Productions" Jare Pakde Rakesh.

Maringono, pas tanggal 11 Oktober 2015 Pakde Rakesh ketemuan karo Sudhansu Pandey. Pakde nawakno bagihasil 2% nang Sudanshu, karo ditulis dadi Co-Produser ndek film. Syarat liane, jenenge Sudhansu Pandey sing ngarang cerito gak di tulis ndek film iki.

Ndlalah mari ketemuan iku, gak onok kabar maneh teko Pakde Rakesh. Akhire pas tanggal 28 Nopember 2015, Sudhansu protes nang Indian Film and Television Producers Council (IFTPC) lek naskah iku garapane dek'e karo cik diakoni Hak Cipta.

"Pokok'e pancet tak belani mati-matian sampek Pak Rakesh karo Sanjay Gupta ngakoni kesalahane" Sudhansu ngomong cik semangate.

Hrithik Roshan dewe sik repot karo film'e sing anyar Mohenjo Daro. Rencana awale arep ditayangno tanggal 26 Januari 2016. Tibak'e film Mohenjo Daro mundur maneh dadi tanggal 12 Agustus 2016. Mungkin bagian ngedit'e sik gak nemu setelan sing pas gawe film iki. Mugo-mogo ae film Mohenjo Daro iso wuaaapik. Sakno penggemare HRo sak dunyo wes kangen kabeh mergo taon 2015 iki gak onok blas film'e HRo.

Loh.. 12 Agustus 2016, rek !!!! iku lak barengan karo film RUSHTOMAkhsay Kumar karo Baadshaho - Ajay Devgan.


Sumber : Koimoi

Apa pendapatmu tentang Hrithik Roshan Kenek Masalah Hukum? Yuk, beritahu kami di kolom komentar.

Semoga artikel ini bisa bermanfaat untuk menambah wawasan pembaca semua. Dapatkan artikel review dan sinopsis film India, atau gosip selebriti terbaru, dan semua hal tentang film India ada disini. Kalian juga bisa menonton film India Terbaru Subtitle Bahasa Indonesia disini.



Next Post Previous Post
No Comment
Add Comment
comment url