SRK Main Bareng Alia Bhatt

SRK Main Bareng Alia Bhatt

Warto Bollywood - Ndek Bollywood jaman saiki tepak 'e seneng gawe film sing gak umum. Contone koyok Aamir Khan karo Anushka Sharma ndek film PK, Akhsay Kumar karo Amy Jackson ndek film Singh Is Bling, Jacqluin Fernandes karo Arjun Rampal ndek film Roy. Film liane yo wes akeh.

Lek film sing durung di stel ndek bioskop mergo saiki sik di gawe, contone film "Ae Dil Hai Mushkil" garapane Karan Johar. Film iki ceritane arek enom (Ranbir Kapoor) sir-siran karo arek wedok sing sak umuran (Anushka Sharma), tapi yo sik gendhak'an karo emak-emak (Aishwarya Rai). Masio cerito ngene iki wis wakeh ndek dunia nyata, tapi ndek film bollywood koyok'e yo sik saiki iki sing onok.

Tibak'e Shah Rukh Khan yo wes disiapno main bareng Alia Bhatt. Iki koyok'e ceritone yo wes gak umum. Bayangno ae Cak Khan wes umur 50 taon tapi sik di pasangno karo Alia Bhatt sing sik umur 22 taon. Jare sutradarane, Gauri Sindhe - sing wis tau garap English Vinglish - sengojo masangno Cak Khan karo Alia mergo ceritane sing apik.

Alia dadi arek enom sing megaya koyok arek enom saiki, bethik, petakilan, ra ngurus, kadang yo nekat. Pokok'e ceritane Alia dadi arek wedok sing nglanangi. Tapi uripe mendadak ganti gak bethik maneh mergo ketemu karo Cak Khan sing umure pantes dadi bapak'e.

Trus yo opo ceritane? Ngadimin dewe yo gak eroh, lah wong film'e ae durung dadi. Engkok ae lek wes onok kabar maneh, riko-riko bakal tak ceritani. Mangkane, ndelok'en terus BMCI Jatim. Cik gak ketinggalan warto bollywood jaman saiki.

sumber : koimoi.com

Apa pendapatmu tentang SRK Main Bareng Alia Bhatt? Yuk, beritahu kami di kolom komentar.

Semoga artikel ini bisa bermanfaat untuk menambah wawasan pembaca semua. Dapatkan artikel review dan sinopsis film India, atau gosip selebriti terbaru, dan semua hal tentang film India ada disini. Kalian juga bisa menonton film India Terbaru Subtitle Bahasa Indonesia disini.



Next Post Previous Post
No Comment
Add Comment
comment url